Sabtu, 12 Februari 2011

Taun Anyar


Taun Anyar
Taun – taun Anyar kepungkur, aku lan keluargaku ora tau dolan menyang ngendi – ngendi. Goro – gorone panggonan pariwisata mesti rame. Nanging, taun baru 2011 iki, aku seneng banget amerga aku lan keluargaku dolan menyang bendungan “Kali Bening”, Madiun.
Omonge bendungan Kali Bening ora kalah karo bendungan Selorejo seng neng kabupaten Malang. Kanggo buktikake, aku karo keluargaku dolan menyang rono. Aku budhal jam 12.30 awan, sak wise sholat dhuhur karo ngenteni Kali Bening sepi. Perjalanan Pare – Madiun mangan wektu 1 jam.
Sampek kono, aku tuku karcis ben iso mlebu. Nanging, aku kudu ngeliwati alas seng di tanduri wit jati. Teka neng Bendunganne, akeh wong – wong podho bubaran. Tibak e neng kana ana orkes dangdut.
Memang bener, Kali Bening ora kalah apik karo Selorejo, nanging karo Pemerintah Madiun ora ditanggepi. Malih dadine ora terawat lan Kali Bening iku luwih jembar saka Selorejo. “Sak jane lak Pemerintah Madiun nanggepi. Dak jamin, bendungan Selorejo kalah karo Kali Bening. Lha wong Kali Bening jembare kaya ngene.” Dhawuhe Bapakku. Anginne neng kana milir – milir seger, adem. Pemandanganne yo ijo royo – royo.
Adhiku ngejak poto, malih kabeh poto bareng. Sak bare poto bareng, aku lan adhiku njajal dolanan flying fox. Aku deg – degan banget, amergo kapeng siji iki aku dolanan flying fox. Tibak e flying fox iku asik, aku bakal nyesel lak ora njajal flying fox.
Sak wise dolanan flying fox, aku lan adhiku njajal – njajal dolanan seng liyane. Jam 16.00, aku lan keluargaku muleh menyang omah. Neng ndalan, aku mampir menyang masjid kanggo sholat ashar. Jam 17.00, aku wes tekan omah, aku banjur adhus. Wes pokok e, taun baru iki aku seneng banget.

0 komentar: